Entri Populer

Sabtu, 02 Juli 2011

Suro Diro Djoyo Ningrat


Uwong sing kuat kuwi dudu uwong sing suro DIRO djoyo ningrat, tapi uwong sing sabar.Uwong sing duwur drajad e kuwi dudu uwong sing suro diro djoyo NINGRAT, tapi uwong sing okeh ilmune (ulil albab).Uwong sing mulyo kuwi dudu uwong sing suro diro DJOYO ningrat, tapi uwong sing okeh syukure.Uwong sing menang kuwi dudu uwong sing Suro diro djoyo ningrat, tapi uwong sing tawakal. Koyo mengkono simbah mahami pangastuti.

Kejobo kuwi le ...
Uwong sing mulia kuwi uwong sing taat,uwong sing taat kuwi uwong sing ngabekti (pangastuti).uwong sing ngabekti kuwi uwong sing nglakoni syareat.uwong sing nglakoni syareat kuwi uwong sing nduwe amal.Uwong sing duwe amal kuwi dudu uwong sing kebak angen angen lan kebak roso.

Le, simbah arep takon karo sliramu. Opo iyo uwong sing paling mulia nang ngarepe Gusti Allah kuwi uwong sing rumongso manunggal, uwong rumongso uwis makrifat, uwong sing ngaku kasyaf utowo uwong sing ngaku duwe ilmu laduni ? nek ngono manunggal, makrifat, kasyaf lan laduni, koyo kayane ugo dudu pangastuti ...wallahu a’lam.

Lewat pengembangan diri, seseorang berupaya menemukan hidup yang baik, yaitu yang bermakna, positif, bermutu, memuaskan. Berbahagialah dgn mengembangkan diri, aktualisasikan sgala potensi yg ada dalam diri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar